Saiki akeh tenan uong-uong diantara ne wadewe sing sombong, sombong karo opo sing didueni. Sakjan e ora popo juga arep sombong toh kui juga hak e menungso masing-masing. Akeh tenan sing bangga atau sombong karo harta ne, karo jabata ne, omah e sing apik, motor e gek akeh juga saiki bocah-bocah podo sombong karo jabata ne.
Opo yo ora podo mikir to, opo kui kabeh tenanan wek e wadewe?
Ojo Sombong Karno Sugeh
Konco-konco ku, coba koe pikirne sejenak. Padah kabeh sing eneng neng dunyo iki ki hanya titipan. Iyo titipan ne Allah SWT, titipan sing gawe urep. Dadi ne ojo seakan-akan opo sing wadewe ndue dino iki wek e wadewe kabeh. Ojo mikir koe bakal iso koyo kono wae, inget dunia iki bunder. Koe iso wae neng nduwur koe juga iso wae malek neng ngisor.
Bakal ora eneng nilai ne urep wadewe lek wadewe gor dadek ne harta benda mu dadi perhiasan dunia tok. Sungguh rodok lucu lek wadewe gor ngeroso dihormati gor karno njobone wadewe tok, lha neng jero isi ne wadewe abai ne.
Kudune wadewe selalu mikir lek urep ki neng dunia iki cuman nebeng. Kabeh tindakan karo opo-opo sing wadewe bangga ne kui yo cuman titipan wae. Wadewe kudu paham lek ding eneng neng dunia iki mutlak wek e Allah SWt. Lha teros koe opo pantes sombong kro titipan? Opo yo ora isin.
Inget konco-konco,
Wadewe urep kui kabeh karunia teko Allah. Hanya Allah sing ngecukupi kabeh keperluan wadewe, rizki wadewe ojo gor mok pendem wae. Setidak e kita iso berbagi kro sing membutuh ne.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar